FALSAFAH HIDUP KEJAWEN

May 19, 2009 at 10:45 pm (FALSAFAH HIDUP KEJAWEN) (, , , , , , , , )

Dasar-dasar Falsafah Hidup Kejawen: Hanggayuh Kasampurnaning Hurip, Bèrbudi Bawaleksana, Ngudi Sejatining Becik

Perpustakaan pelestarian budaya Yogyakarta

Ketuhanan

1. Pangeran iku siji, ana ing ngendi papan langgeng, sing nganakake jagad iki saisine, dadi sesembahane wong sak alam kabeh, nganggo carane dhewe-dhewe. (Tuhan itu tunggal, ada di mana-mana, yang menciptakan jagad raya seisinya, disembah seluruh manusia sejagad dengan caranya masing-masing)

2. Pangeran iku ana ing ngendi papan, aneng siro uga ana pangeran, nanging aja siro wani ngaku pangeran(Tuhan ada di mana saja, di dalam dirimu juga ada, namun kamu jangan berani mengaku sebagai Tuhan)

3. Pangeran iku adoh tanpa wangenan, cedhak tanpa senggolan. (Tuhan itu berada jauh namun tidak ada jarak, dekat tidak bersentuhan)

4. Pangeran iku langgeng, tan kena kinaya ngapa, sangkan paraning dumadi. (Tuhan itu abadi dan tak bisa diperumpamakan, menjadi asal dan tujuan  kehidupan)

5. Pangeran iku bisa mawujud, nanging wewujudan iku dudu Pangeran. (Tuhan itu bisa mewujud namun perwujudannya bukan Tuhan)

6. Pangeran iku kuwasa tanpa piranti, akarya alam saisine, kang katon lan kang ora kasat mata. (Tuhan berkuasa tanpa alat dan pembantu, mencipta alam dan seluruh isinya, yang tampak dan tidak tampak)

7. Pangeran iku ora mbedak-mbedakake kawulane. (Tuhan itu tidak membeda-bedakan (pilih kasih) kepada seluruh umat manusia)

8. Pangeran iku maha welas lan maha asih, hayuning bawana marga saka kanugrahaning Pangeran. (Tuhan Maha Belas-Kasih, bumi terpelihara berkat anugrah Tuhan)

9.  Pangeran iku maha kuwasa, pepesthen saka karsaning Pangeran ora ana sing bisa murungake. (Tuhan itu Mahakuasa, takdir ditentukan atas kehendak Tuhan, tiada yang bisa membatalkan kehendak Tuhan)

10. Urip iku saka Pangeran, bali marang Pangeran. (Kehidupan  berasal dari Tuhan dan akan kembali kepada Tuhan)

11.   Pangeran iku ora sare.  (Tuhan tidak pernah tidur)

12.  Beda-beda pandumaning dumadi.  (Tuhan membagi anugrah yang berbeda-beda)

13. Pasrah marang Pangeran iku ora ateges ora gelem nyambut gawe, nanging percaya yen Pangeran iku maha Kuwasa. Dene kasil orane apa kang kita tuju kuwi saka karsaning Pangeran. (Pasrah kepada Tuhan bukan berarti enggan bekerja, namun percaya bahwa Tuhan Menentukan)

14.  Pangeran nitahake sira iku lantaran biyung ira, mulo kudu ngurmat biyung ira. (Tuhan mencipta manusia dengan media ibumu, oleh sebab itu hormatilah ibumu)

15. Sing bisa dadi utusaning Pangeran iku ora mung jalma manungsa wae. (Yang bisa menjadi utusan Tuhan bukan hanya manusia saja)

16.  Purwa madya wasana. (zaman awal/ sunyaruri, zaman tengah/ mercapada, zaman akhir/ keabadian)

17. Owah gingsiring kahanan iku saka karsaning Pangeran kang murbeng jagad. (Berubahnya keadaan itu atas kehendak Tuhan yang mencipta alam)

18.  Ora ana kasekten sing madhani pepesthen awit pepesthen iku wis ora ana sing bisa murungake. (Tak ada kesaktian yang menyamai takdir Tuhan, sebab takdir itu tidak ada yang bisa membatalkan)

19.  Bener kang asale saka Pangeran iku lamun ora darbe sipat angkara murka lan seneng gawe sangsaraning liyan. (Bener yang menurut Tuhan itu bila tidak memiliki sifat angkara murka dan gemar membuat kesengsaraan orang lain)

20.  Ing donya iki ana rong warna sing diarani bener, yakuwi bener mungguhing Pangeran lan bener saka kang lagi kuwasa. (Kebenaran di dunia ada dua macam, yakni benar menurut Tuhan dan benar menurut penguasa)

21.  Bener saka kang lagi kuwasa iku uga ana rong warna, yakuwi kang cocok karo benering Pangeran lan kang ora cocok karo benering Pangeran. (Benar menurut penguasa juga memiliki dua macam jenis yakni cocok dengan kebenaran menurut Tuhan dan tidak cocok dengan kebenaran Tuhan)

22.  Yen cocok karo benering Pangeran iku ateges bathara ngejawantah, nanging yen ora cocok karo benering Pangeran iku ateges titisaning brahala(Kebenaran yang sesuai dengan kebenaran menurut Tuhan, itu berarti tuhan yang mewujud, namun bila tidak sesuai dengan kebenaran menurut Tuhan, berarti penjelmaan angkara)

23.  Pangeran iku dudu dewa utawa manungsa, nanging sakabehing kang ana iki uga dewa lan manungsa asale saka Pangeran. (Tuhan itu bukan dewa atau manusia, namun segala yang ada (dewa dan manusia) adanya berasal dari Tuhan.

24.  Ala lan becik iku gandengane, kabeh kuwi saka karsaning Pangeran. (Keburukan dan kebaikan merupakan satu kesatuan, semua itu sudah menjadi rumus/kehendak Tuhan)

25.  Manungsa iku saka dating Pangeran mula uga darbe sipating Pangeran. (Manusia berasal dari zat Tuhan, maka manusia memiliki sifat-sifat Tuhan)

26.  Pangeran iku ora ana sing Padha, mula aja nggambar-nggambarake wujuding Pangeran. (Tidak ada yang menyerupai Tuhan,  maka janganlah melukiskan dan menggambarkan wujud tuhan)

27.  Pangeran iku kuwasa tanpa piranti, mula saka kuwi aja darbe pangira yen manungsa iku bisa dadi wakiling Pangeran. (Tuhan berkuasa tanpa perlu pembantu, maka jangan menganggap manusia menjadi wakil Tuhan di bumi)

28.  Pangeran iku kuwasa, dene manungsa iku bisa(Tuhan itu Mahakuasa, sementara itu manusia hanyalah bisa)

29.  Pangeran iku bisa ngowahi kahanan apa wae tan kena kinaya ngapa. (Tuhan mampu merubah keadaan apa saja tanpa bisa dibayangkan/perumpamakan)

30.  Pangeran bisa ngrusak kahanan kang wis ora diperlokake, lan bisa gawe kahanan anyar kang diperlokake. (Tuhan mampu merusak keadaan yang tidak diperlukan lagi, dan bisa membuat keadaan baru yang diperlukan)

31. Watu kayu iku darbe dating Pangeran, nanging dudu Pangeran. (Batu dan kayu adalah milik zat Tuhan, namun bukanlah Tuhan)

32.  Manungsa iku bisa kadunungan dating Pangeran, nanging aja darbe pangira yen manungsa mau bisa diarani Pangeran. (Di dalam manusia dapat bersemayam zat tuhan, akan tetapi jangan merasa bila manusia boleh disebut Tuhan)

33.  Titah alus lan titah kasat mata iku kabeh saka Pangeran, mula aja nyembah titah alus nanging aja ngina titah alus(Makhluk halus dan makhluk kasar/wadag semuanya berasal dari tuhan, maka dari itu jangan menyembah makhluk halus, namun juga jangan menghina makluk halus)

34.  Samubarang kang katon iki kalebu titah kang kasat mata, dene liyane kalebu titah alus. (Semua yang tampak oleh mata termasuk makhluk kasat mata, sedangkan lainnya termasuk makhluk halus)

35.  Pangeran iku menangake manungsa senajan kaya ngapa(Tuhan memenangkan manusia walaupun seperti apa manusia itu)

36.  Pangeran maringi kawruh marang manungsa bab anane titah alus mau. (Tuhan memberikan pengetahuan kepada manusia tentang eksistensi makhluk halus)

37.  Titah alus iku ora bisa dadi manungsa lamun manungsa dhewe ora darbe penyuwun marang Pangeran supaya titah alus mau ngejawantah. (Makhluk halus tidak bisa menjadi manusia bila manusia tidak punya permohonan kepada Tuhan agar makhluk halus menampakkan diri)

38.  Sing sapa wani ngowahi kahanan kang lagi ana, iku dudu sadhengah wong, nanging minangka utusaning Pangeran. (Siapa yang berani merubah keadaan yang terjadi, bukanlah sembarang orang, namun sebagai “utusan” tuhan)

39.  Sing sapa gelem nglakoni kabecikan lan ugo gelem lelaku, ing tembe bakal tampa kanugrahaning Pangeran(Siapa saja yang bersedia melaksanakan kebaikan dan juga mau “lelaku” prihatin, kelak akan memperoleh anugrah tuhan)

40.  Sing sapa durung ngerti lamun piyandel iku kanggo pathokaning urip, iku sejatine durung ngerti lamun ana ing donyo iki ono sing ngatur. (siapa yang belum paham, lalu menganggap sipat kandel itu sebagai rambu-rambu hidup, yang demikian itu sesungguhnya belum memahami bila di dunia ini ada yang mengatur)

41.  Sakabehing ngelmu iku asale saka Pangeran kang Mahakuwasa. (Semua ilmu berasal dari Tuhan yang Mahakuasa)

42.  Sing sapa mikani anane Pangeran, kalebu urip kang sempurna. (Siapa yang mengetahui adanya Tuhan, termasuk hidup dalam kesempurnaan).

Kebatinan

1. Dumadining sira iku lantaran anane bapa biyung ira. (Lahirnya manusia karena berkat adanya kedua orang tua)

2. Manungsa iku kanggonan sipating Pangeran. (Di dalam manusia tedapat sifat-sifat Tuhan)

3. Titah alus iku ana patang warna, yakuwi kang bisa mrentah manungsa nanging ya bisa mitulungi manungsa, kapindho kang bisa mrentah manungsa nanging ora mitulungi manungsa, katelu kang ora bisa mrentah manungsa nanging bisa mitulungi manungsa, kapat kang ora bisa mrentah manungsa nanging ya ora bisa mrentah manungsa.

(Makhluk halus ada empat macam, pertama ; yang bisa memerintah manusia namun bisa juga menolong manusia. Kedua; yang bisa memerintah manusia namun tidak bisa menolong manusia. Ketiga ; yang tidak bisa memerintah manusia namun bisa menolong manusia. Keempat ; yang tidak bisa memerintah anusia namun juga tak bisa diperintah manusia.

4. Lelembut iku ana rong warna, yakuwi kang nyilakani lan kang mitulungi. (Makhluk halus ada dua macam; yang mencelakai dan yang menolong)

5. Guru sejati bisa nuduhake endi lelembut sing mitulungi lan endi lelembut kang nyilakani. (Guru Sejati bisa memberikan petunjuk mana makhluk halus yang bisa menolong dan mana yang mencelakakan)

6. Ketemu Gusti iku lamun sira tansah eling (“Bertemu” Tuhan dapat dicapai dengan cara selalu eling)

7. Cakra manggilingan. (Kehidupan manusia akan seperti roda yang selalu berputar, kadang di bawah kadang di atas. Hukum sebab akibat dan memungkinkan terjadi penitisan)

8. Jaman iku owah gingsir. (Zaman akan selalu mengalami perubahan)

9. Gusti iku dumunung ana atining manungsa kang becik, mulo iku diarani Gusti iku bagusing ati. (Tuhan berada di dalam hati manusia yang baik, oleh sebab itu disebut Gusti (bagusing ati)

10.  Sing sapa nyumurupi dating Pangeran iku ateges nyumurupi awake dhewe. Dene kang durung mikani awake dhewe durung mikani dating Pangeran. (Siapa yang mengetahui zat Tuhan berarti mengetahui dirinya sendiri. Sedangkan bagi yang belum memahami jati dirinya sendiri maka tidak mengetahui pula zat Tuhan)

11. Kahanan donya ora langgeng, mula aja ngegungake kesugihan lan drajat ira, awit samangsa ana wolak-waliking jaman ora ngisin-ngisini. (Keadaan dunia tidaklah abadi, maka jangan mengagungkan kekayaan dan derajat pangkat, sebab bila sewaktu-waktu terjadi zaman serba berbalik tidak menderita malu)

12.  Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir, mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah. (Keadaan yang ada sekarang ini tidak akan berlangsung lama pasti akan mengalami perubahan, maka dari itu janganlah lupa kepada sesama makhluk hidup ciptaan Tuhan)

13. Lamun sira kepengin wikan marang alam jaman kelanggengan, sira kudu weruh alamira pribadi. Lamun sira durung mikan alamira pribadi adoh ketemune. (Bila kamu ingin mengetahui alam di zaman kelanggengan. Kamu harus memahami alam jati diri (jagad alit), bila kamu belum paham jati dirimu, maka akan sulit untuk menemukan (alam kelanggengan)

14.  Yen sira wus mikani alamira pribadi, mara sira mulanga marang wong kang durung wikan (Jika kamu sudah memahami jati diri, maka ajarilah orang-orang yang belum memahami)

15. Lamun sira wus mikani alamira pribadi, alam jaman kelanggengan iku cedhak tanpa senggolan, adoh tanpa wangenan. (Bila kamu sudah mengetahui sejatinya diri pribadi, tempat zaman kelanggengan itu seumpama dekat tanpa bersentuhan, jauh tanpa jarak)

16.  Lamun sira durung wikan alamira pribadi mara takono marang wong kang wus wikan.  (Bila anda belum paham jati diri pribadi, datang dan tanyakan kepada orang yang telah paham)

17. Lamun sira durung wikan kadangira pribadi, coba dulunen sira pribadi. (Bila anda belum paham saudaramu yang sejati, carilah hingga ketemu dirimu pribadi)

18.  Kadangira pribadi ora beda karo jeneng sira pribadi, gelem nyambut gawe. (“Saudara sejati” mu tidak berbeda dengan diri pribadimu, bersedia bekerja)

19.  Gusti iku sambaten naliko sira lagi nandang kasangsaran. Pujinen yen sira lagi nampa kanugrahaning Gusti.  (Pintalah Tuhan bila anda sedang menderita kesengsaraan, pujilah bila anda sedang menerima anugrah)

20.  Lamun sira pribadi wus bisa caturan karo lelembut, mesthi sira ora bakal ngala-ala marang wong kang wus bisa caturan karo lelembut. (Bila anda sudah bisa bercakap-cakap dengan makhluk halus, pasti anda tidak akan menghina dan mencela orang yang sudah bisa bercakap-cakap dengan makhluk halus)

21.  Sing sapa nyembah lelembut iku keliru, jalaran lelembut iku sejatine rowangira, lan ora perlu disembah kaya dene manembah marang Pangeran.  (Siapa yang menyembah lelembut adalah tindakan keliru, sebab lelembut sesungguhnya teman mu sendiri)

22.  Weruh marang Pangeran iku ateges wis weruh marang awake dhewe, lamun durung weruh awake dhewe, tangeh lamun weruh marang Pangeran. (Memahami tuhan berarti sudah memahami diri sendiri, jika belum memahami jati diri, mustahil akan memahami Tuhan)

23.  Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe. (Siapa yang gemar merusak ketentraman orang lain, pasti akan dihukum oleh Tuhan dan dipermalukan oleh perbuatannya sendiri)

24.  Lamun ana janma ora kepenak, sira aja lali nyuwun pangapura marang Pangeranira, jalaran Pangeranira bakal aweh pitulungan. (Walaupun mengalami zaman susah, namun janganlah lupa mohon ampunan kepada Tuhan, sebab Tuhan akan memberikan pertolongan)

25.  Gusti iku dumunung ana jeneng sira pribadi, dene ketemune Gusti lamun sira tansah eling. (Tuhan ada di dalam diri pribadi, dapat anda ketemukan dengan cara selalu eling)

Filsafat Kemanusiaan

1. Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawana. (Giat bekerja/membantu dengan tanpa pamrih, memelihara alam semesta /mengendalikan nafsu)

2. Manungsa sadrema nglakoni, kadya wayang umpamane. (Manusia sekedar menjalani apa adanya, seumpama wayang)

3. Ati suci marganing rahayu. (Hati yang suci menjadi jalan menuju keselamatan jiwa dan raga)

4. Ngelmu kang nyata, karya reseping ati.  (Ilmu yang sejati, membuat tenteram di hati)

5. Ngudi laku utama kanthi sentosa ing budi. (Menghayati perilaku mulia dengan budi pekerti luhur)

6. Jer basuki mawa beya. (Setiap usaha memerlukan beaya)

7. Ala lan becik dumunung ana awake dhewe.  (Kejahatan dan kebaikan terletak di dalam diri pribadi)

8. Sing sapa lali marang kebecikaning liyan, iku kaya kewan. (Siapa yang lupa akan amal baik orang lain, bagaikan binatang)

9. Titikane aluhur, alusing solah tingkah budi bahasane lan  legawaning ati, darbe sipat berbudi bawaleksana.  (Ciri khas orang mulia yakni, perbuatan dan sikap batinnya halus , tutur kata yang santun, lapang dada, dan mempunyai sikap wibawa luhur budi pekertinya)

10.  Ngunduh wohing pakarti. (Orang dapat menerima akibat dari ulahnya sendiri)

11.   Ajining dhiri saka lathi lan budi.  (Berharganya diri pribadi tergantung ucapan dan akhlaknya)

12.  Sing sapa weruh sadurunge winarah lan diakoni sepadha-padhaning tumitah iku kalebu utusaning Pangeran.  (Siapa yang mengetahui sebelum terjadi dan diakui sesama manusia, ia termasuk utusan tuhan)

13.  Sing sapa durung wikan anane jaman kelanggengan iku, aja ngaku dadi janma linuwih. (Siapa yang belum paham adanya zaman keabadian, jangan mengaku menjadi orang linuwih)

14.  Tentrem iku saranane urip aneng donya.  (Ketenteraman adalah sarana menjalani kehidupan di dunia)

15. Yitna yuwana lena kena. (Eling waspdha akan selamat, yang lengah akan celaka)

16.  Ala ketara becik ketitik. (Yang jahat maupun yang baik pasti akan terungkap juga)

17. Dalane waskitha saka niteni.  (Cara agar menjadi awas, adalah berawal dari sikap cermat dan teliti)

18.  Janma tan kena kinira kinaya ngapa. (Manusia sulit diduga dan dikira)

19. Tumrap wong lumuh lan keset iku prasasat wisa, pangan kang ora bisa ajur iku kena diarani wisa, jalaran mung bakal nuwuhake lelara. (Bagi manusia, fakir dan malas menjadi bisa/racun, makanan yang tak bisa hancur dapat disebut sebagai bisa/racun, sebab hanya akan menimbulkan penyakit)

20.  Klabang iku wisane ana ing sirah. Kalajengking iku wisane mung ana pucuk buntut. Yen ula mung dumunung ana ula kang duwe wisa. Nanging durjana wisane dumunung ana ing sekujur badan. (Racun bisa Lipan terletak di kepala, racun bisa kalajengking ada di ujung ekor, racun bisa ular hanya ada pada ular yang berbisa, namun manusia durjana racun bisanya ada di sekujur badan)

21. Geni murub iku panase ngluwihi panase srengenge, ewa dene umpama ditikelake loro, isih kalah panas tinimbang guneme durjana. (Nyala api panasnya melebihi panas matahari, namun demikian umpama panas dilipatgandakan, masih kalah panas daripada ucapan orang durjana)

22.  Tumprape wong linuwih tansah ngundi keslametaning liyan, metu saka atine dhewe. (Bagi orang linuwih selalu berupaya menjaga keselamatan untuk sesama, yang keluar dari niat suci diri pribadi)

23.  Pangucap iku bisa dadi jalaran kebecikan. Pangucap uga dadi jalaraning pati, kesangsaran, pamitran. Pangucap uga dadi jalaraning wirang.  (Ucapan itu dapat menjadi sarana kebaikan, sebaliknya ucapan bisa pula menyebabkan kematian, kesengsaraan. Ucapan bisa menjadi penyebab menanggung malu)

24.  Sing bisa gawe mendem iku: 1) rupa endah; 2) bandha, 3) dharah luhur; 4) enom umure. Arak lan kekenthelan uga gawe mendem sadhengah wong. Yen ana wong sugih, endah warnane, akeh kapinterane, tumpuk-tumpuk bandhane, luhur dharah lan isih enom umure, mangka ora mendem, yakuwi aran wong linuwih. (Penyebab orang menjadi lupa diri adalah : gemerlap hidup, harta, kehormatan, darah muda. Arak dan minuman juga membuat mabuk sementara orang. Namun bila ada orang kaya, tampan rupawan, banyak kepandaiannya, hartanya melimpah, terhormat, dan masih muda usia, namun semua itu tidak membuat lupa diri, itulah orang linuwih)

25.  Sing sapa lena bakal cilaka. (Siapa terlena akan celaka)

26.  Mulat salira, tansah eling kalawan waspada. (Jadi orang harus selalu mawas diri, eling dan waspadha)

27.  Andhap asor.  (Bersikap sopan dan santun)

28.  Sakbegja-begjane kang lali luwih begja kang eling klawan waspada. (Seberuntungnya orang lupa diri, masih lebih beruntung orang yang eling dan waspadha)

29.  Sing sapa salah seleh. (Siapapun yang bersalah akan menanggung celaka)

30.  Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake. (Bertanding tanpa bala bantuan)

31. Sugih ora nyimpen. (Orang kaya namun dermawan)

32.  Sekti tanpa maguru. (Sakti tanpa berguru, alias dengan menjalani laku prihatin yang panjang)

33.  Menang tanpa ngasorake. (Menang tanpa menghina)

34.  Rawe-rawe rantas malang-malang putung. (Yang mengganggu akan lebur, yang menghalangi akan hancur)

35.  Mumpung anom ngudiya laku utama. (Selagi muda berusahalah selalu berbuat baik)

36.  Yen sira dibeciki ing liyan, tulisen ing watu, supaya ora ilang lan tansah kelingan. Yen sira gawe kebecikan marang liyan tulisen ing lemah, supaya enggal ilang lan ora kelingan.  (Jika kamu menerima kebaikan orang lain, tulislah di atas batu supaya tidak hilang dari ingatan. Namun bila kamu berbuat baik kepada orang lain hendaknya ditulis di atas tanah, supaya segera hilang dari ingatan)

37.  Sing sapa temen tinemu. (Siapa yang bersungguh-sungguh akan berhasil)

38.  Melik nggendhong lali. (Pamrih menyebabkan lupa diri)

39.  Kudu sentosa ing budi. (Harus selamat ke dalam jiwa)

40.  Sing prasaja. (Menjadi orang harus bersikap sabar)

41. Balilu tau pinter durung nglakoni. (Orang bodoh yang sering mempraktekan, kalah pandai dengan orang pinter namun belum pernah mempraktekan)

42.  Tumindak kanthi duga lan prayogo. (Bertindak dengan penuh hati-hati dan teliti/tidak sembrono)

43.  Percaya marang dhiri pribadi. (Bersikaplah percaya diri)

44.  Nandur kebecikan. (Tanamlah selalu kebaikan)

45.  Janma linuwih iku bisa nyumurupi anane jaman kelanggengan tanpa ngalami pralaya dhisik. (Manusia linuwih adalah dapat mengetahui adanya zaman keabadian tanpa harus mati lebih dulu)

46.  Sapa kang mung ngakoni barang kang kasat mata wae, iku durung weruh jatining Pangeran. (Siapa yang hanya mengakui hal-hal kasat mata saja, itulah orang yang belum memahami sejatinya Tuhan)

47. Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking. (Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)

48. Sing sapa gelem gawe seneng marang liyan, iku bakal oleh wales kang luwih gedhe katimbang apa kang wis ditindakake. (Barang siapa gemar membuat orang lain bahagia, anda akan mendapatkankan balasan yang lebih besar dari apa yang telah anda lakukan)

Sabdalangit

26 Comments

  1. m4stono said,

    waduh saya dpt ilmu lagi dari kangmas sabdalangit…kalo boleh saya urun rembug…Pangeran itu selalu menjadi subyek dan makhluk selau jadi obyek dari pangeran/gusti..kalau ada pertanyaan dimanakah pangeran itu?…jawabannya dibalik menjadi..di sisi manakah yang bertanya terhadap Pangeran…apakah disisi rahman&rahimnya?..atau disisi “murka” Nya? padahal rahman&rahim Pangeran tanpa batas melampaui “murka”Nya. .. sama seperti ahmad(terpuji) adalah saya, tapi saya bukan ahmad..karena yg ahmad tidak hanya saya, tapi banyak2 saya2 lain yg juga ahmad

  2. hadi wirojati said,

    pamuji rahayu..

    terima kasih.. itulah wejangan yang saya pegang erat / teguh kangmas…mudah mudahan saya kuat menjalaninya, setiap saat sesepuh dulu memberi wejangan seperti ini, dan falsafah ini terus berlanjut hingga cucu, cicit dan canggah ini…, dstnya.., terima kasih atas pencerahan ini, mugya sedayanipun tansah ginanjar kawilujengan tebih ing rubedha kalis niring sambikala, rahayu ingkang sami pinanggih, karaharjan dan karahayon.

    salam sihkatresnan

    rahayu…,

  3. kangBoed said,

    hmm… *manggut manggut*… *muka merah malu*… waaaah perjalanan masih panjang… semoga ALLAH membukakan semua tabirnya satu persatu… sedikit demi sedikit… *geleng geleng*… sungguh lemahnya diri ini… jalan tersaruk saruk… ma kasih kang mas Sabda Langitku chuayank atas wejangannya… sambil pulang…
    Salam Sayang
    Salam Kangen

    • sabdalangit said,

      @M4stono, Mas Hadi & Adimas Boed Yth
      Menarik sekali ulasannya bagus untuk bahan refleks atas pemahaman diri pada tuhan. betapa selama ini tuhan sering dijadikan obyek penderita: orang terkena musibah karena ulah sendiri, namun orang berkata ini semua sudah menjadi kehendak tuhan. tuhan sudah merencanakan membuat tanggul situ gintung jebol. tuhan sudah mencoba umat yang menjadi korban situ gintung.
      Kenapa orang tidak berfikir bahwa jebolnya tanggul situ gintung akibat ulah serakah manusia yg tidak tanggap segera memfollow up laporan warga tanggul sudah retak dan bergeser. kenapa anggaran renovasi tanggul yg direncanakan sejak 2005 tidak segera dilaksanakan. lantas kemana sisa dana anggaran yg tidak dialokasikan untuk perbaikan dan pemeliharaan berkala tangggul tsb. kenapa masyarakat boleh menempati daerah jalur hijau di lembah dan bantaran kali yg seharusnya untuk penghijauan paru-paru kota. kenapa manusia sedemikian serakah. APAKAH TUHAN MERENCANAKAN KESERAKAHAN MANUSIA ITU SEMUA ?????

      @Mas Hadi Wiro dan Adimas Boed yth
      Mari kita bersama saling asah asuh dan asih. saling mengingatkan dan saling mendorong agar kita semua mampu menghayati satu-persatu falsafah hidup yg sangat konstruktif. supaya ajaran baik tidak sekedar menjadi jargon, agar bumi nusantara menggapai kejayaannya kembali. adil makmur gemah ripah tata titi tenteram, kerta raharja.

      salam sayang salam sejati salam sih katresnan
      rahayu

  4. wongalus said,

    Ini adalah salah satu kunci pintu hikmah. Barangsiapa membuka, mempelajari, mengamalkan dalam perilaku sehari-hari, akan bertemu dengan Gusti Kang Welas Asih.

    Matur nuwun Ki, referensi meniko ingkang kulo tunggu-tunggu.Salam damai. Semoga semua makhluk berbahagia! Om Swasti Astu!

  5. Daryono said,

    Trima kasih mas sabda yg telah membabar falsafah yg begitu luhur,mudah mudahan kita bisa meng aplikasikan dalam kehidupan sehari hari.Untuk saudaraku semua marilah sejenak menundukan kepala memdoakan para korban pesawat herkules mudah mudahan di terima di sisinya sesuai darma bakti dan bagi keluarga yg di tinggalkan di kuatkan,hatinya untukmu saudaraku kami turut berduka , untuk mas sabda dlm waktu 1.5 bulan ini ada 5 kecelakaan pesawat yg besar di awali pesawat foker yg jatuh dikandang sendiri terakhir herkules yungseb di kedalaman lumpur sawah di magetan ini fenomena apa mas ? Atau cuma human eror ?Ada yg bilang minimya anggaran . Atau ? ? ?

  6. yang-kung said,

    matur nuwun Kangmas Sabdalangit,wewarah adi luhung ingkang dados paugeraning gesang.

    Ssebagai orang beriman kita dipanggil untuk mampu berpikir,bertindak, dan berkata-kata dengan bijaksana.Kita juga dipanggil untuk mampu menghadirkan rahmat Allah bagi sesama dan dunia.

    Mohon tanggapan Kangmas,manakah yang lebih cocog dalam hidup bermasyarakat diantara slogan berikut ini ??
    “alon-alon angger kelakon” atau “lebih cepat lebih baik” ??

    salam kanugrahan.

    • sabdalangit said,

      @Wongalus Yth
      Kondor sami Ki, memang suatu ajaran sebaik apapun tdk akan bermanfaat apa-apa bila tidak dihayati dalam perbuatan sehari-hari.

      @Daryono Yth
      Saat ini merupakan masa seleksi mas. Siapa yg eling dan waspadha akan selamat dan mulia. sebaliknya siapa yg terlena akan terkena. Siapa yang menanam akan mengetam. Namun korbannya belum tentu orang-orang yg salah. Nah orang-orang sebagai korban demikian tentunya akan mendapat suatu keadilan dan “kebijaksanaan” khusus dari Tuhan YME. Menderita di dunia, akan menjadi pengurang hukuman di alam pangrantosan kelak. Dan berbagai tragedi, musibah, bencana belum akan berkurang secara signifikan hingga PUNCAKnya pada SEPTEMBER 2009. Maka kita dituntut selalu eling waspadha kapanpun juga, setiap detik, menit, jam, dan hari. Giat berbuat baik setiap saat dan saban hari kepada sesama/orang lain pada dasarnya akan menjadi “pagar gaib” yg menyelimuti diri kita dari segala macam malapetaka.

      @Yangkung ingkang kinurmatan.
      Suatu slogan atau pepatah ada yg bersifat universal dan khusus. artinya masing-masing slogan tidak bisa diamalkan begitu saja dalam situasi dan kondisi yang beragam. Musti dilihat dulu sikond nya. Di satu saat kita dituntut alon-alon waton klakon. Hal ini mengutamakan keselamatan dan proses setahap demi setahap dengan fondasi kuat serta dilakukan penuh ketelitian dan kesabaran. Sementara itu “lebih cepat lebih baik” mengutamakan ketepatan dan efisiensi waktu dalam bertindak. Cocok dalam situasi darurat yg menuntut tindakan cepat dan tepat. Pada intinya, hidup tidak bisa disederhanakan maupun digeneralisir sedemikian rupa. Harus angon wayah, mulat sarira, eling dan waspadha.

      salam sejati

  7. lare bantul said,

    matur nuwun eyang ,nuwun dongo kangge abdi supados dados tiyang engkang eling marang kang dalem urip. . .nuwun tambahipun pengetahuan abdi ingkang tasih sekedit meniko . . .apriyanto

  8. tomy said,

    Melihat dengan kedua mata memiliki arti melihat dari berbagai segi

    Melihat secara multidimensi

    Dalam memandang, baik buruk terangkum

    Baik ada karena ada buruk

    Buruk ada karena ada baik

    Dalam memandang terdapat kebijaksanaan

    Antara terang dan gelap ada bayang-bayang

    Bertolak dari itu kutempuh jalan ini :

    Andai ada orang berjualan salak

    Aku akan berjualan sepet (serabut kelapa)

    Tiap kali ia tawarkan dagangannya

    Aku pun tawarkan daganganku

    ”Salak..Salak” teriaknya

    ”Sepet..Sepet” teriakku

    ”Salak!!” tambah keras

    ”Sepet!!” aku tak mau kalah

    Orang jadi mikir-mikir kalao mau beli ’salak sepet’

    Ada pemikiran ada pandangan

    Sebuah konflik berkecamuk

    Kualitas baru terbentuk

    http://tomyarjunanto.wordpress.com/2007/12/13/dialektika/

    • sabdalangit said,

      Matursembah nuwun mas Tomy, kanthi puisi-puisi kritis dan kontemplatif mampu menggugah suasana hati dan batin menjadi bangkit menuju kesadaran yg lebih tinggi.

      Rahayu Karaharjan

  9. celetukan segar said,

    Salam kenal!

    Saya mau tanya, apakah semua yang diuraikan dalam blog ini sudah dibukukan? Kalau sudah apa judul buku dan penerbitnya?

    Saya sangat tertarik dengan uraian-uraiannya.

    • sabdalangit said,

      Belum Mas,
      Mudah-mudahan suatu waktu bisa diterbitkan, agar bisa terjangkau bagi yg bukan netters. matur nuwun atas atensinya.
      Rahayu

  10. sikapsamin said,

    aku… banget olehku sarujuk marang wedare tulisan iki…
    Muga-muga sedulur Sabda tansah pinaringan rahayuning Gusti…
    Kurang kepiye maneh,… Bhumi Nuswantara nduweni Falsafah-Urip sing maha lengkap… Falsafah sing sejatine bisa kanggo tulak sakwernaning brahala… Hananging nyatane kahanan Nuswantara Kertagama Raharja Indonesia(‘NKRI’)…Tambah Morat-Marit… He…para sedulur aku takon, awake dhewe iki kelirune neng endi, salahe apa… Ayo padha dipikirake, dirasakake… Ayo bareng2 ditelusuri sejarahe awake dhewe iki… Ora usah adoh2, cukup 50-tahun kepungkur nganti saiki…
    Matur nuwun sedulur Sabda…
    Aku kelingan pituture simbah biyen : ”le, menungsa iku nggendhong lali; menungsa iku ora bisa ndeleng githoke dewe; lan kanggo kowe le – aja dumeh, aja gumunan, mikul dhuwur – mendhem jero; iku eling2en ya le”…..

    Rahayu sedulur Sabda…
    Rahayu NKRI…

  11. yang-kung said,

    sugeng pepanggihan malih Kangmas Sabdalangit.

    wejangan ini sering ku ulang2 sebelum tidur untuk kuresapi.Seandainya pitutur luhur ini sambil dinyanyikan dengan di iringi “swaraning gending-gending”alangkah indahnya ya..Mungkin Kangmas tahu,digubug maya mana ya,bisa kusinggahi ??? Matur sembah nuwun njih.

    salam sejati

    • sabdalangit said,

      Sumangga YangKung mbokbilih saget pinanggih wonten pesanggrahanipun Mas SUKOLARAS. Katuraken pinarak.

      Rahayu
      berkah dalem Gusti

  12. yang-kung said,

    Matur nuwun sanget infonipun.mugi Kangmas Sabdalangit tansah karaharjan.

    salam sejati.

  13. HARIS said,

    JARE PENGERAN IKU SIJI KOK NOK ENDI2 MALAH ONO AWAK DEWE.
    ===========
    Ya, ambil contoh ada mas arif, haris, peno, walau banyak namun cuma satu.. :)

  14. tri wardana said,

    matur suwun Romo kawruhipun.rebo benginan

  15. Kriswinanto said,

    Indahnya hidup ini jika kita bisa saling hidup rukun, tanpa memandang RAS, dan menyadari bahwa kita ciptan-Nya dari tanah liat dan diberi udara. Dan besuk kembali kepada-Nya juga kembali ke tanah. Dadi opo sing biso diumuk-ke menungso ? Kecuali berbuat baik sesama ciptaan-Nya
    Sugeng rahayu kagem sedoyo kemawon

    • SABDå said,

      @Tri Wardana Yth
      Kondor sami mas Tri, semoga bermanfaat untuk banyak orang.

      @Kriswinanto Yth
      Indah sekali bila dunia ini tak ada perang dan pertumpahan darah, yg ada adalah toleransi, saling menghargai dan menghormati. Tampak sebagai idealisme konyol, namun segala sesuatu tidaklah menutup kemungkinan. Seiring sejalan dengan kesadaran batin dan lahir manusia yg dinamis setiap saat berkembang.
      Jika manusia memiliki konsep ketuhanan yg menilai sifat Maha Welas Asih, Maha penyayang, seharusnya manusia juga saling berbagi dan menabur kasih kepada siapapun tanpa pilih kasih.
      Kenapa yg terjadi justru sebaliknya ?

  16. darno said,

    kok Tuhan ada dimana2,berarti di WC ,di comberan,di dalam kolor bahkan di saptiteng juga ada Tuhan donk…

    trus cara beribadahnya kok sesuai cara masing masing,lha kok kaya mau pipis aja dg gaya masing2 ada yg jongkok,berdiri,njengking…

    mas mas…mbok nek nulis y dipikir2 dulu! trus ini dasarnya apa? kalo sampeyan ngaku dasare wahyu dari Tuhan y gak munkin tapi nek wahyu dari syaiton saya berani jamin 100% bnar..

    • SABDå said,

      @darno yth
      Sejauh itukah pemahaman anda ? wong jowo kajawan. Barangkali anda sudah masuk dalam ruang sajaratul makrifat, lalu mencapai wahdatul wujud dan terbukalah pintu wushul ? Namun orang-orang yang sdh berhasil menggapai ruang itu, justru akan meraih NGELMU PADI. Semakin berisi semakin menunduk. Apa yang anda ungkapkan justru mencerminkan seberapa kesadaran yang saat ini anda capai. Mari bersama-sama bersihkan hati, pikiran, dan beningkan batin. Lalu bukalah mata hati mencermati tanda-tanda kebesaran Tuhan yang tergelar di jagad raya ini. Karena jagad gumelar inilah “ayat-ayat” Tuhan yang tidak tertulis. Ibarat papan tanpo tulis. Kertas tanpa mangsi. Itulah hakekat sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu.

      salam sih katresnan

  17. bima wardhana said,

    Mas Sabdalangit nuwun sewu artikelipun kulo copy damel pemnelajaran.. , maturnuwun

  18. albhenpa said,

    menawi pareng dalem rewrite datheng boso londo (inggris) kagem khasana wonten blog dalem..

    • SABDå said,

      Albhenpa Yth
      Silahkan Bung…sumonggo kerso, mugi murakabi dumateng ing ngasanes.
      Nuwun

Post a Comment