Category Archives: Gègèring Nuswantårå Nagri
Gègèring Nuswantårå Nagri
Dèn Samyå Waspådå
Pêpéling puniki kaunggah ing dintên Kêmis Wagé 17-11-2011
(suryå kaping pitulas, wulan sêwêlas, warså sêwêlas)
Mugyå pårå dulur kulå sagung pôrô maôs blog tansah
pikantuk pitulungan tuwin kawêlasaning Gusti Hyang Jagadnåtå
Nuswantårå nandhang tyas duhkitå
Keh janmå agawé pôpô-cintråkå
Tumrap sarirå jiwå lan raganirå
Langit datan jinunjung bumi datan kapidak
Pribadi murkå angkårå kang dadi panguwåså
Lakunirå daksiyå lan cidrô mring nuså lan bångså
Nora éling sangkaning dumadi
Anging kabèh titah alûs wus cancut taliwåndå
Hamêmayu hayuning nuså kalawan bångså
Ajejuluk pêngawal jêjêging såkåguru
Kang dadi patrap paugêraning bangså Nuswåntårå
Rawé-rawé rantas malang-malang putûng
Gawé horèg asumurup ing jêroning rågå janmå saksêrik lan sulåyå
Tan ånå pitulung ingkang martani
Kajåbå éling mulihå mring mulåbukaning dumadi
Dipun éling kalawan waspadèng
Sêmuning kahanan bångså lan nagri
Sakèhing pratanda wus katon cêthå
Tansåyå cêdak dungkaping sapût dêndå
Méh tintrim kinobar prahårå gung gôrô-gôrô
Kabeh iku datan kénging dèn owahi