SERAT JAKALODANG

Rangga Warsita Basa Kadaton
Basa Kadaton Rangga Warsita

RONGeh jleg tumiBA
GAgaran santoSA
WARtane meh teKA
SIkara karoDA
TAtage tan kaTON
BArang-barang ngeRONG
SAguh tanpa raGA
KAtali kawaWAR
DAdal amekaSI
TONda murang taTA

Gambuh
Jaka Lodang gumandhul
Praptaning ngethengkrang sru muwus
Eling-eling pasthi karsaning Hyang Widhi
Gunung mendhak jurang mbrenjul
Ingusir praja prang kasor

Joko Lodang berayun lalu berlagak dengan sombong, sambil berkata dengan lantang. Hati-hatilah sudah menjadi kehendak Tuhan bahwa kelak gunung-gunung akan menjadi rendah, sebaliknya jurang yang curam akan timbul kepermukaan, zaman yang serba terbalik, karena kalah perang maka akan diusir dari negerinya.

Nanging awya kliru
Sumurupa kanda kang tinamtu
Nadyan mendak mendaking gunung wis pasti
Maksih katon tabetipun
Beda lawan jurang gesong

Namun jangan salah memahami. Ketahuilah kabar yang telah digariskan. Walau serendah apapun gunung akan tetap masih tampak terlihat. Berbeda dengan jurang yang curam.

Nadyan bisa mbarenjul
Tanpa tawing enggal jugrugipun
Kalakone karsaning Hyang wus pinasti
Yen ngidak sangkalanipun
Sirna tata estining wong

(Jurang) meskipun dapat timbul, namun kalau tidak ada tanggulnya akan longsor juga. Kejadian itu sudah menjadi kehendak Tuhan YME, bilamana telah menginjak masa : tahun Jawa 1850. Sirna ; 0, Tata ; 5, Esthi ; 8 dan Wong ; 1. Atau tahun 1919-1920 masehi.

Sinom
Sasedyane tanpa dadya
Sacipta-cipta tan polih
Kang reraton-raton rantas
Mrih luhur asor pinanggih
Bebendu gung nekani
Kongas ing kanistanipun
Wong agung nis gungira
Sudireng wirang jrih lalis
Ingkang cilik tan tolih ring cilikira

Segala yang dikehendaki tidak terwujud, segala yang dicita-citakan mengalami kegagalan, yang direncanakan berantakan, langkah dan keputusan salah perhitungan, ingin menang malah kalah. Datanglah hukuman dahsyat dari Tuhan. Yang tampak hanyalah perbuatan nista. Orang besar kehilangan kebesarannya, pilih menanggung malu ketimbang mati, rakyat kecil tidak memahami diri sendiri.

Wong alim-alim pulasan
Njaba putih njero kuning
Ngulama mangsah maksiat
Madat madon minum main
Kaji-kaji ambataning
Dulban kethu putih mamprung
Wadon nir wadorina
Prabaweng salaka rukmi
Kabeh-kabeh mung marono tingalira

Banyak orang berlagak sok alim (penuh kepalsuan), luarnya “putih” dalemnya “kuning”, banyak ulama gemar maksiat. Suka mabuk, main perempuan, dan berjudi. Yang sudah naik haji pun rusak moral dan kelakuannya. Perempuan kehilangan kewanitaannya, karena mengejar harta benda. Harta benda menjadi tujuan hidup semua orang.

Para sudagar ingargya
Jroning jaman keneng sarik
Marmane saisiningrat
Sangsarane saya mencit
Nir sad estining urip
Iku ta sengkalanipun
Pantoging nandang sudra
Yen wus tobat tanpa mosik
Sru nalangsa narima ngandel ing suksma

Para pedagang bersukaria, harta benda dipertuhan. Akibatnya penderitaan meliputi seluruh jagad, kesengsaraannya makin menjadi-jadi. Tahun Jawa menunjuk tahun 1860 ; Nir ; 0, Sad ; 6, Esthining ; 8, Urip ; 1. Tahun Masehi kurang lebih tahun 1930. Penderitaan usai bila semua orang sadar lalu bertobat, kembali kepada jalan kebenaran.

Megatruh
Mbok Parawan sangga wang duhkiteng kalbu
Jaka Lodang nabda malih
Nanging ana marmanipun
Ing waca kang wus pinesthi
Estinen murih kelakon

Mbok Perawan berpangku tangan merasa sedih. Joko Lodang berkata lagi : “Namun ketahuilah bahwa ada hukum sebab akibat, dalam ramalan yang sudah ditentukan, upayakan supaya terjadi “.

Sangkalane maksih nunggal jamanipun
Neng sajroning madya akir
Wiku Sapta ngesthi Ratu
Adil parimarmeng dasih
Ing kono kersaning Manon

Saatnya (kemerdekaan) masih dalam zaman yang sama. Di akhir pertengahan abad. Tahun Jawa 1877 Wiku ; 7, Sapta ; 7, Ngesthi ; 8, Ratu ; 1. Bertepatan dengan tahun 1945 masehi. Datanglah keadilan antara sesama manusia. Semua itu sudah menjadi kehendak Tuhan.

Tinemune wong ngantuk anemu kethuk
Malenuk samargi-margi
Marmane bungah kang nemu
Marga jroning kethuk isi
Kencana sesotya abyor

Kelak saat itu, segala sesuatu dapat diraih dengan sangat mudah, ibarat orang yang mengantuk mendapat kethuk (gong kecil) yang berada banyak dijalan. Gembira lah hati orang yang menemukan, sebab di dalam berisi emas kencana.

*******

About SABDå

gentleman, Indonesia Raya

Posted on Mei 1, 2009, in SERAT JAKALODANG and tagged , , , . Bookmark the permalink. 19 Komentar.

  1. semua adalah pertanda zaman yang sudah digariskan Hyang Manon…namun manusia apakah bisa menyangkal… karena ulahnya adalah sebab akibat…, kemudian berlaku hukum alam.., pujangga mendapat wangsit.. wangsitnira kanthi laku.. lakuning jalma kang tata., solah lan bawa…, gumantung pribadinira…, mungguh unguguhing hamung kudu ELING LAN WASPADHA.. maka sedulur.. kanthi wasphadakna…, nasehat leluhur memberikan jalan untuk nggayuh kasampurnaning ngahurip…, adalah laku utama dan menjadi kautaman…, betul tidak kangmas Sabda…? nuwun ngapunten.kangmas.., mugya para sedulur semua tansah karaharjan niring sambekala… begja dan selalu mendapat pituah yang berguna untuk menunjang hidup yang penuh dengan goda rubeda….menuju jalan yang dirahmati Gusti ingkang Maha Wikan.

    salam sihkatresnan,

    rahayu…

  2. ihhh serem se kali blognya massss mengerikan euyyyyy . . . .

  3. Rahayu

    Terima kasih atas kunjungannya ke blog saya. Bagi saya suatu kehormatan. Saya pun sering membaca tulisan-tulisan anda yang inovatif, bahkan memiliki makna yang jauh kedepan untuk terciptanya persatuan di Nusantara. Hatur Nuhun

  4. …salam kenal Mas….apa boleh tuker linknya…terima kasih sebelumnya…

  5. …erima kasih banyak ya..Mas…saya segera pasang linknya…sukses terus ya….

  6. …Saking pundi to Mas aslinipun Panjenengan?….menopo Ngayojokarto?

  7. …..Oh halah..milo meniko…Almarhumah Ibu kulo saking Ngayojokarto Mas..sederek2 kulo teseh katah teng Jogja….Eyang2 kulo njeh wonten meriko sedoyo, wonten ingkang Krapyak, Kota Gede lan Imogiri hehehe…

  8. ….njeh Mas menawi kulo bade tindak Ngayojokarto…cobi kulo hubungi panjenengan rumiyen…sampun dangu kulo mboten tindak dateng Jogja…hehe..ok Mas kulo catet email panjenengan…matur nuwon sanget njeh Mas sakderengipun…

  9. mas Sabdalangit, wah kawula sanget kesengsem kalian blok panjenengan. Lha kawula menika dados tiyang sampun langkung setengah abad lha kok ketinggalan. Menawi kepareng ajeng ngganggu…. (pacen ya rado kurang ajar durung kenalan arep ngganggu). Lha niki patrape wong etanan. Nyuwun gunging pangaksoma ingkang linangkung.
    Kangmas …eh cocoke adimas(niki yen menurut umur) tapi yen menurut Ilmu panjenengan ingkang langkung sepuh. Nywun sewu kepareng derek pirsa kados pundi tatcaranipun manungsa sakwantah menika saged ningkataken anggenipun ngudi ilmu saking kulit, minggah dateng batok(kolbu) lajeng mingga dateng klapanipun(ulah jiwa). Amergi sok asring tumpang tindih lajeng mboten rutut.Punapa malih ngantos ulah rahsa.

    Nuwun,
    kawula,

    gino.

    • Mas Gino Yth
      Kula aturi mbikak email panjenengan, nyuwun gunging pangapunten kula kentun oleh2 mboten mbejaji sakdermi kagem ngrerepa ing penggalih. Wonten kiranging trapsila, kula sumende dedepe nyuwun gunging samudra pangaksama.

      salam karaharjan

  10. Wah setelah di ubek2 cuman disini saya bisa tau lirik jawa tembang2 macapat. makasih banyak mas

  11. kenalkan, kami dari “Padepokan Jaka Tarub” alamat guntur demak. mksh atas karya tulis anda

  12. kami sangat berterima kash kepada siapapun yg masih mau nguri-nguri kebudayaan leluhur “jawa”. berkaryalah terus mas agar kebudayaan jawa tetap jaya di indonesia. wong njowo ben ora ilang jawa ne. maaf kalau ada waktu silahkan singgah di PJT. makasih

  13. sanadyn aku urip ora ning jmane R.Ng.Ronggo warsito ning aku marem yen jman sak iki isih ono wong kang gelem ngudi ngelmu jowo

Tinggalkan komentar