PERIBAHASA-JAWA
Dalam khasanah sastra Jawa dikenal apa yang dinamakan bebasan, sanepan, atau saloka. Merupakan bentuk peribahasa yang berisi makna kiasan sebagai sarana mempermudah penggambaran suatu keadaan. Keadaan bisa berupa fakta realitas yang tidak biasa terjadi, sindiran, sarkasme, dan suatu kenyataan yang paradoksal. Dirangkai dalam gaya bahasa, kata dan kalimat yang indah, lembut agar tidak mudah menyinggung perasaan orang namun mudah sebagai pengingat. Pada saat ini kekayaan sastra Jawa terasa sangat minim, tidak lebih dari bahasa sehari-hari yang diterapkan dalam pergaulan masyarakat Jawa dan lainnya. Namun bila anda ingin menggunakan dalam wacana komunikasi sehari-hari tampaknya masih relevan, dan saya pikir masih bermanfaat untuk megistilahkan atau membahasakan suatu kejadian atau peristiwa yang tidak wajar. Kalimat yang digunakan ibarat pantun yang terkadang terasa lucu dan aneh. Apapun tastenya, berikut ini peribahasa yang dapat kami kumpulkan dari berbagai sumber khasanah pustaka Jawa dan nara sumber langsung. Semoga bermanfaat untuk anda sekalian yang masih peduli kebudayaan lokal asli nusantara maupun bagi yang gemar olah sastra dan budaya lokal.
A
Adhang-adhang tetese embun : njagakake barang mung sak oleh-olehe.
Adigang, adigung, adiguna : ngendelake kekuwatane, kaluhurane lan kepinterane.
Aji godhong garing (aking) : wis ora ana ajine / asor banget.
Ana catur mungkur : ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.
Ana daulate ora ana begjane : arep nemu kabegjan nanging ora sida (untub-untub).
Ana gula ana semut : papan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
Anak polah bapa kepradah : tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwa.
Anggenthong umos (bocor/rembes) : wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
Angon mongso : golek waktu kang prayoga kanggo tumindak.
Angon ulat ngumbar tangan : ngulatake kahanan menawa kalimpe banjur dicolong.
Arep jamure emoh watange : gelem kepenake ora gelem rekasane.
Asu rebutan balung : rebutan barang kang sepele.
Asu belang kalung wang : wong asor nanging sugih.
Asu gedhe menang kerahe : wong kang dhuwur pangkate mesti bae gede panguwasane.
Asu marani gebuk : njarak / sengaja marani bebaya.
Ati bengkong oleh obor : wong kang duwe niyat ala malah oleh dalan.
B
Baladewa ilang gapite (jepit wayang) : ilang kekuwatane / kaluhurane.
Banyu pinerang ora bakal pedhot (sigar) : pasulayan sedulur ora bakal medhotake sedulurane.
Bathang lelaku : lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani.
Bathok bolu isi madu (bolong telu) : wong asor nanging sugih kepinteran.
Blaba wuda : saking lomane nganti awake dhewe ora keduman.
Bebek mungsuh mliwis : wong pinter mungsuh wong kang podho pintere.
Becik ketitik ala ketara : becik lan ala bakal konangan ing tembe mburine.
Belo melu seton (malem minggu) : manut grubyuk ora ngerti karepe (taklid).
Beras wutah arang bali menyang takere : barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune.
Bidhung api rowang : ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi.
Balilu tan pinter durung nglakoni (bodho) : wong bodho sering nglakoni, kalah pinter ro wong pinter nanging durung tau nglakoni.
Bubuk oleh leng : wong duwe niyat ala oleh dalan.
Bung pring petung : bocah kang longgor (gelis gedhe).
Buntel kadut, ora kinang ora udud : wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udud.
Buru (mburu) uceng kelangan dheleg : golek barang sepele malah kelangan barang luwih gedhe.
Busuk ketekuk, pinter keblinger : wong bodho lan pinter padha wae nemu cilaka.
C
Carang canthel : ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug.
Car-cor kaya kurang janganan : ngomong ceplas-ceplos oran dipikir disik.
Cathok gawel (timangan sabuk) : seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman.
Cebol nggayuh lintang : kekarepan kang ora mokal bisa kelakon.
Cecak nguntal cagak (empyak) : gegayuhan kang ora imbang karo kekuwatane.
Cedhak celeng boloten (gupak lendhut) : cedhak karo wong ala bakal katut ala.
Cedhak kebo gupak : cedhak karo wong ala bakal katut ala.
Ciri wanci lelai ginawa mati : pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati.
Cincing-cincing meksa klebus : karepe ngirit nanging malah entek akeh.
Criwis cawis : seneng maido nanging yo seneng menehi/muruki.
Cuplak andheng-andheng, yen ora pernah panggonane bakal disingkirake : wong kang njalari ala becike disingkirake.
D
Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiyo suket emoh nyenggut : wis ora gelem nyanak / emoh sapa aruh.
Dahwen ati open (seneng nacad) : nacad nanging mbenerake wong liya.
Dandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dandhang : ala dianggep becik, becik dianggep ala.
Desa mawa cara, negara mawa tata : saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : tansah diparingi slamet, ora ana kang ngganggu gawe.
Digarokake dilukoke : dikongkon nyambut gawe abot.
Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat : wong kang kenceng karepe ora kena dipenggak.
Diwenehi ati ngrogoh rempela : diwenehi sithik ora trima, malah njaluk sing akeh.
Dom sumuruping mbanyu : laku sesideman kanggo meruhi wewadi.
Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan : senajan wong liya yen lagi nemoni rekasa bakal dibelani.
Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-wingi : wong kang nesu banget.
Dudutan lan anculan (tali memeden sawah) : padha kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti.
Durung pecus keselak besus : durung sembada nanging kepengin sing ora-ora.
E
Eman-eman ora keduman : karepe eman malah awake dewe ora keduman.
Emban cindhe emban siladan (slendang iratan pring) : pilih kasih / ora adil.
Embat-embat celarat (klarap) : wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget.
Emprit abuntut bedhug : perkara sing maune sepele dadi gedhe / ngambra-ambra.
Endhas gundul dikepeti : wis kepenak ditambahi kepenak maneh.
Endhas pethak ketiban empyak : wong kang bola-bali nemu cilaka.
Enggon welut didoli udhet : panggone wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepirowa.
Entek ngamek kurang golek : anggone nyeneni/nguneni sakatoge.
Entek jarake : wis entek kasugihane.
Esuk dhele sore tempe : wong kang ora tetep atine (mencla mencle).
G
Gagak nganggo lar-e merak : wong asor / wong cilik tumindak kaya wong luhur (gedhe).
Gajah alingan suket teki : lair lan batine ora padha, mesthi bakal ketara.
Gajah (nggajah) elar : sarwa gedhe lan dhuwur kekarepane.
Gajah ngidak rapah (godhong garing) : nerang wewalere dewe.
Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengahe : wong gedhe sing padha pasulayan, wong cilik sing dadi korbane.
Garang garing : wong semugih nanging sejatine kekurangan.
Gawe luwangan kanggo ngurungi luwangan : golek utang kanggo nyaur utang.
Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput : samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.
Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh : senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan karepe.
Golek banyu bening : meguru golek kawruh kang becik.
Golek-golek ketemu wong luru-luru : karepe arep golek utangan malah dijaluki utang.
Gupak pulute ora mangan nangkane : melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.
I
Idu didilat maneh : murungake janji kang wis diucapake.
Iwak lumebu wuwu : wong kena apus kanthi gampang.
J
(n)Jagakake endhoge si blorok : njagagake barang kang durung mesthi ana lan orane.
(n)Jajah desa milang kori : lelungan menyang ngendi-endi.
Jalma angkara mati murka : nemoni cilaka jalaran saka angkara murkane.
(n)Jalukan ora wewehan : seneng njejaluk ora seneng menehi.
Jati ketlusupan ruyung : kumpulane wong becik kelebon wong ala.
Jaran kerubuhan empyak : wong wis kanji (kapok) banget.
Jarit lawas ing sampire : duwe kapinteran nanging ora digunakake.
Jer basuki mawa bea : samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.
Jujul muwul : perkara kang nambah-nambahi rekasa.
(n)Junjung ngetebake / ngebrukake : ngalembana nanging duwe maksud ngasorake.
K
Kacang ora ninggal lanjaran : kebiasa-ane anak nirokake wong tuwane.
Kadang konang : gelem ngakoni sedulur mung karo sing sugih.
Kala cacak menang cacak : samubarang panggawean becik dicoba dhisik bisa lan orane.
Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega : wong sing ora duwe papan panggonan.
Katepang ngrangsang gunung : kegedhen karep/panjangka sing mokal bisa kelakon.
Katon kaya cempaka sawakul : tansah disenengi wong akeh.
Kaya banyu karo lenga : wong kang ora bisa rukun.
Kakehan gludug kurang udan : akeh omonge ora ana nyatane.
Kabanjiran segara madu : nemu kabegjan kang gedhe banget.
Kebat kliwat, gancang pincang : tumindak kesusu mesthi ora kebeneran.
Kebo bule mati setra : wong pinter nanging ora ana kang mbutuhake.
Kebo ilang tombok kandhang : wis kelangan, isih tombok wragat kanggo nggoleki, malah ora ketemu.
Kebo kabotan sungu : rekasa kakehan anak / tanggungan.
Kebo lumumput ing palang : ngadili perkara ora nganggo waton.
Kebo mulih menyang kandhange : wong lunga adoh bali menyang omahe / asale.
Kebo nusu gudel : wong tuwa njaluk wulang wong enom.
Kegedhen empyak kurang cagak : kegedhen karep nanging ora sembada.
Kajugrugan gunung menyan : oleh kabegjan kang gedhe banget.
Kekudhung walulang macan : ngapusi nggawa jenenge wong kang diwedeni.
Kelacak kepathak : ora bisa mungkir jalaran wis kebukten.
Kena iwake aja nganti buthek banyune : sing dikarepake bisa kelakon nanging aja nganti dadi rame/rusak.
Kencana katon wingko : senajan apik nanging ora disenengi.
Kendel ngringkel, dhadang ora godak : ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho.
Kenes ora ethes : wong sugih amuk nanging bodho.
Keplok ora tombok : wong senengane komentar thok nanging ora gelem tumindak.
Kere munggah mbale : batur dipek bojo karo bendarane.
Kere nemoni malem : wong kang bedigasan / serakah.
Kerot ora duwe untu : duwe kekarepan nanging ora duwe beaya / wragat.
Kerubuhan gunung : wong nemoni kesusahan sing gedhe banget.
Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang : nemoni cilaka kang ora kenyana-nyana.
Ketula-tula ketali : wong kang tansah nandang sengsara.
Kethek saranggon : kumpulane wong kang tindakane ala.
Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadhang : wong kang ora duwe panggonan sing tetep.
Klenthing wadah uyah : angel ninggalake pakulinan tumindak ala.
Kongsi jambul wanen : nganti tumekan tuwa banget.
Krokot ing galeng : wong kang mlarat banget.
Kriwikan dadi grojogan : prakara kang maune cilik dadi gedhe banget.
Kumenthus ora pecus : seneng umuk nanging ora sembada.
Kurung munggah lumbung : wong asor / cilik didadekake wong gedhe.
Kuthuk nggendhong kemiri : manganggo kang sarwo apik/aji liwat dalan kang mbebayani.
Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk : njarag marani bebaya.
Kuncung nganti temekan gelung : suwe banget anggone ngenteni.
L
Ladak kecangklak : wong kang angkuh nemoni pakewuh, marga tumindake dewe.
Lahang karoban manis : rupane bagus / ayu tur luhur budine.
Lambe satumang kari samerang : dituturi bola-bali meksa ora digugu.
Lanang kemangi : wong lanang kang jireh.
Legan golek momongan : wis kepenak malah golek rekasa.
Lumpuh ngideri jagad : duwe karepan kang mokal bisa keturutan.
M
Maju tatu mundur ajur : perkara kang sarwa pakwuh.
Matang tuna numbak luput : tansah luput kabh panggayuhan.
Mbuang tilas : ethok-ethok ora ngerti marang tumindak kang ala sing lagi dilakoni.
Meneng widara uleran : katon anteng nanging sejatin ala atine.
Menthung koja kena sembagine : rumangsane ngapusi nanging sejatine malah kena apus.
Merangi tatal : mentahi rembug kang wis mateng.
Mikul dhuwur mendhem jero : bisa njunjung drajate wong tuwa.
Milih-milih tebu oleh boleng : kakehan milih wekasan oleh kang ora becik.
Mrojol selaning garu : wong kang luput saka bebaya.
Mubra-mubra mblabar madu : wong sing sarwa kecukupan.
N
Nabok anyilih tangan : tumindak ala kanthi kongkonan uwong liya.
Ngagar metu kawul : ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojoki ora mempan.
Ngajari bebek nglangi : panggawean sing ora ana paedahe.
Ngalasake negara : wong sing ora manut pranatane negara.
Ngalem legining gula : ngalembana kepinterane wong kang pancen pinter/sugih.
Ngaturake kidang lumayu : ngaturake barang kang wis ora ana.
Nglungguhi klasa gumelar : nindakake panggawean kang wis tumata.
Ngontragake gunung : wong cilik/asor bisa ngalahake wong luhur/gedhe, nganti gawe gegere wong akeh.
Nguthik-uthik macan dhedhe : njarag wong kang wis lilih nepsune.
Nguyahi segara : weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase.
Nucuk ngiberake : wis disuguhi mangan mulih isih mbrekat.
Nututi layangan pedhot : nggoleki barang sepele sing wis ilang.
Nyangoni kawula minggat : ndandani barang sing tansah rusak.
Nyolong pethek : tansah mleset saka pametheke/pambatange.
O
Obah ngarep kobet mburi : tumindake penggede dadi contone/panutane kawula alit.
Opor bebek mentas awake dhewek : rampung saka rekadayane dhewe.
Ora ana banyu mili menduwur : watake anak biasane niru wong tuwane.
Ora ana kukus tanpa geni : ora ana sbab tanpa akibat.
Ora gonjo ora unus : wong kang ala atine lan rupane.
Ora mambu enthong irus : dudu sanak dudu kadhang.
Ora tembung ora tawung : njupuk barang liyan ora kandha disik.
Ora uwur ora sembur : ora gelem cawe-cawe babar pisan.
Ora kinang ora udud : ora mangan apa-apa.
Othak athik didudut angel : guneme sajak kepenak, bareng ditemeni jebule angel.
P
Palang mangan tandur : diwenehi kapercayan malah gawe kapitunan.
Pandengan karo srengenge : memungsuhan karo penguwasa.
Pandhitane antake : laire katon suci batine ala.
Pecruk (manuk kag magan iwak) tunggu bara : dipasrahi barang kang dadi kesenengan.
Pitik trondhol diumbar ing padaringan : wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-entekake.
Pupur sadurunge benjut : ngati-ati sadurunge benjut.
R
Rampek-rampek kethek : nyedak-nyedak mung arep gawe kapitunan.
Rawe-rawe rantas malang-malang putung : samubarang kang ngalang-alangi bakal disingkirake.
Rebut balung tanpa isi : pasulayan merga barang kang sepele.
Rindhik asu digitik : dikongkon nindakake penggawean kang cocok karo kekarepane.
Rupa nggendhong rega : barang apik regane larang.
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah : yen padha rukun mesti padha santosa, yen padha congkrah mesthi padha bubrah/rusak.
S
Sabar sareh mesthi bakal pikoleh : tumindak samubarang aja kesusu supaya kasil.
Sabaya pati, sabaya mukti : kerukunan kang nganti tekan pati.
Sadumuk bathuk sanyari bumi : pasulayan nganti dilabuhi tekaning pati.
Sandhing kebo gupak : cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala.
Satru mungging cangklakan : mungsuh wong kang isih sanak sedulur.
Sadhakep awe-awe : wis ninggalake tumindak ala, nanging batien isih kepengin nglakoni maneh.
Sembur-sembur adus, siram-siram bayem : bisa kalaksanan marga oleh pandongane wong akeh.
Sepi ing pamrih, rame ing gawe : nindakake panggaweyan kanthi ora melik/pamrih apa-apa.
Sing sapa salah bakal seleh : sing sapa salah bakal konangan.
Sluman slumun slamet : senajan kurang ati-ati isih diparingi slamet.
Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh : wong kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakoni.
T
Tebu tuwuh socane : prakara kang wus apik, bubrah marga ana sing ngrusuhi.
Tega larane ora tega patine : senajan negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungan.
Tekek mati ing ulone : nemoni cilaka margo saka guneme dhewe.
Tembang rawat-rawat, ujare mbok bakul sunambiwara : kabar kang durung mesthi salah lan benere.
Timun jinara : prakara gampang banget.
Timun mungsuh duren : wong cilik mungsuh wang kuwat/panguwasa, mesthi kalahe.
Timun wungkuk jaga imbuh : wong bodho kanggone yen kekurangan wae.
Tinggal glanggang colong playu : ninggalake papan pasulayan.
Tulung (nulung) menthung : katone nulungi jebule malah nyilakani.
Tumbak cucukan : wong sing seneng adu-adu.
Tuna sathak bathi sanak : rugi bandha nanging bathi paseduluran.
Tunggak jarak mrajak tunggak jati mati : prakara ala ngambra-ambra, prakara becik kari sethitik.
U
Ucul saka kudangan : luput saka gegayuhane.
Ulat madhep ati manteb : wis manteb banget kekarepane.
Undaking pawarta, sudaning kiriman : biasane pawarta iku beda karo kasunyatane.
Ungak-ungak pager arang : ngisin-isini.
W
Welas tanpa lalis : karepe welas nanging malah gawe kapitunan.
Wis kebak sundukane : wis akeh banget kaluputane.
Wiwit kuncung nganti gelung : wiwit cilik nganti gedhe tuwa.
Y
Yitna yuwana mati lena : sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka.
Yiyidan mungging rampadan : biyene wong durjana/culika saiki dadi wong sing alim.
Yuwana mati lena : wong becik nemoni cilaka marga kurang ngati-ati.
Yuyu rumpung mbarong ronge : omahe magrong-magrong nanging sejatine mlarat.
sabdalangit’s web















53 tanggapan kepada “PERIBAHASA-JAWA”
hadi wirojati
Mei 6th, 2009 pada 19:13
pamuji rahayu…
wah kangmas sabda…. ternyata sanepa jawa begitu lengkap ya…, dan membuat sanepan orang – orang dulu lebih banyak berpikir untuk mengeluarkan kata – kata yang takut melukai hati orang lain .. jadi dibuatlah sanepa…, rukun agawe santosa…, rukune kaya mimi lan mintuna…, adigang adigung adiguna kaduk wani kurang deduga… hehehe… inget dulu diwarahi simbah…,matur sembah nuwun kangmas.. jadi tambah kawruh untuk ikut nguri nguri bahasa sanepa dan nanti pasti masih ada lagi yaitu cangkriman … mungkin bisa di upload lagi ya kangmas… matur sembah nuwun.
salam sihkatresnan
rahayu…,
sabdalangit
Mei 6th, 2009 pada 20:04
Wealah..kok wis dipethek ndingin yo, leres mas..sy lagi ngumpulin cangkriman masa lalu. Lucu-lucu bisa untuk menghibur anak di kala mau bobok.
Rahayu
Ngabehi
Mei 7th, 2009 pada 09:12
Kulo tambahi nggih KI, kayane dereng wonten….
Wong melik ngagendong lali
Kakehan gludug kurang Udan
wus kabotan sungu
yitna yuana leno kena
cedhak mung sak genter sineret
Timba nggolek sumur
sumur nggolek timba
Durung pecus keselak besus
Sak gluguting kolang kaling
Sak glugut pinoro sosro
“Kuning kuning kambile gadhing”
Bejane sing biso nyanding
Sing lencir kuning
Gemak blontheng blontheng
Urip penak ragat entheng
wah nuwun sewu ki malah dadi kelingan sengga’an campur sari je, he eh
sabdalangit
Mei 7th, 2009 pada 19:07
Matur nuwun Ki, wah nambah bendahara pribahasa. Saya le nglumpukke peribahasa mboko sithik, eh setelah di upload baru pada diingetkan ternyata masih kurang banyak sekali ya.
Matur sembah nuwun Ki.
Rahayu
charma
Januari 15th, 2011 pada 11:28
tambahi lagiiii aahhh….
dengo leno prapteng lampus…..
asmo kinaryo jopo……
jalmo tan keno kiniro…….
charma
Januari 15th, 2011 pada 11:26
tambahi lagiiii aahhh….
dengo leno prapteng lampus…..
asmo kinaryo jopo……
)
edi krist
Mei 7th, 2009 pada 11:05
Bapa Lungguh anak Toto…..
Kang Nur
Mei 7th, 2009 pada 18:26
bagus
celetukan segar
Juni 7th, 2009 pada 22:29
Ki sabdalangit, tak tambahi siji engkas :
“bebek diwuruki nglangi = tiyang sampun wasis dipun-wuruki”.
Salam Brrrrr
MSP – SBY – JK
(Memang Suka Posting – Si Blogger Yahud – Juga Keren)
Haryo Jipang
Juli 22nd, 2009 pada 17:03
Ki, Ndherek ngopy kaliyan ngepost teng fb kula http://www.facebook.com/note.php?saved&&suggest¬e_id=126117708766
============
Sumangga Mas Haryo, kanthi renaning manah. Mugi saget murakabi dumateng tiyang kathah.
Alwi
Oktober 12th, 2009 pada 18:06
Nambahin Kang “SEMAR NGEJOWANTAH” artinya……………
“MLEBU KAMAR NGELONI SIMBAH……….” wakakakakakakak…. ngapunten Kang seneng guyon ….MLEBU KAMAR NGELONI SIMBAH…. tondo tresno karo simbah…….
sukolaras
Oktober 17th, 2009 pada 17:15
Kang Mas Sabdolangit, wonten sederek ingkang nyuwun pirsa menapa wedaring “NGEBUN-EBUN ENJING AJEJAWAH SONTEN”
Matur nuwun,
SABDå
Oktober 18th, 2009 pada 11:01
Mas Suko ingkang minulya
Menika ngemu makna injih menika, ungkapan sikap yg rendah hati dan sadar diri, karena telah berani lancang berharap sesuatu yg dianggapnya muluk.
salam karaharjan
pengrawit
November 24th, 2012 pada 15:24
Ngebun-ebun enjang anjejawah sonten
Saking satunggaling sesepuh ingkang sampun pana bab basa-sastra, kula pikantuk wangsulan ingkang gumathok, bilih tetembungan “….ngebun-ebun enjang ajejawah sonten…” salugunipun satunggaling wangsalan,
bun ing wanci enjang sinebat awun => nyuwun
jawah ing wanci sonten sinebat rarabi => rabi
dados pikajengipun “….ngebun-ebun enjang ajejawah sonten…” inggih punika, kirang langkung bilih si Suta nyuwun karabekna kaliyan putri panjenegan
Mekaten, kula nyadhong panyaruwenipun, jenang sela (apu) wader kali sesonderan (sepat), apuranta sedaya lepat kula.
iqbal wibisono
Oktober 26th, 2009 pada 00:44
nyuwun ijin nderek publikasi wonten FB kulo nggih pakde….
===================
Sumonggo mas Iqbal, semoga bermanfaat buat saudara-saudara kita semua.
salam karaharjan
payday loans
November 25th, 2009 pada 08:16
sabdalangit.wordpress.com is very informative. The article is very professionally written. I enjoy reading sabdalangit.wordpress.com every day.
payday loans toronto
canada payday loans
Bambang Hudayana
Februari 13th, 2010 pada 17:52
mas, kula pengin ngertos paribasa niki sinten sing damel? Saestu sinten ingkah damel, menapa Rangga warsito, menepa sanesipun. Maturnuwun
Adhang-adhang tetese embun : njagakake barang mung sak oleh-olehe.
Adigang, adigung, adiguna : ngendelake kekuwatane, kaluhurane lan kepinterane.
Aji godhong garing (aking) : wis ora ana ajine / asor banget.
SABDå
Februari 14th, 2010 pada 23:25
Mas Bambang hudayana Yth
Yg pertama sepertinya Rangga Warsito, yg kedua dan ketiga kurang mengerti asal usulnya, dan yg ke empat dari GUSTI MANGKUNEGORO KE IV.
salam karaharjan
Sukamto Nuri
Maret 12th, 2010 pada 19:18
Mas dalem ncatet peribasan jawi niki nggih, kangge dipun waos lan pengenget-enget menawi wonten wekdal longgar.
==============
Silahkan Mas Sukamto Nuri, semoga bermanfaat.
salam sejati
caknun
Mei 25th, 2010 pada 16:48
Kangmas, nyuwun izin kulo copas nggih, kangge pangeling-eling
Widarto
Juni 16th, 2010 pada 13:02
Ngebun-ebun enjang ajejawah sonten punika tegesipun ‘nglamar’ satunggaling wanodia. Dados maturipun ingkang nglamar makaten :” Sowan kawula mriki punika bade ngebun ebun enjang ajejawah sonten”.
Jabon
Juli 16th, 2010 pada 20:14
wach.. keren nich BOSS pribahasanya,,, minta ijin ngopy yach??
Bayu
September 26th, 2010 pada 22:32
Bagus dan mudah di mengerti
komik upn
September 27th, 2010 pada 12:05
matur nuwun mas, sampeyan taksih nguri-uri kabudayan tradisi….
Xafira
Oktober 30th, 2010 pada 10:04
mangan ra mangan kelon wkkk…wkkkkk…
mazzkoko
November 15th, 2010 pada 19:19
matursembahnuwun postingannya….
aji
November 18th, 2010 pada 23:24
klo peribahasa orang yang menekuni usaha ingin sukses
please, kasih peribahasa di bidang usaha!
charma
Januari 15th, 2011 pada 11:20
pesti gemi nastiti……
)
w0n6.l4
Desember 22nd, 2010 pada 13:15
minta ijin pak. ngepost 1 hari 1 pribahasa di pesbuk. biar bsa belajar bareng2.
charma
Januari 15th, 2011 pada 11:16
suru diro jayaningrat sirna brastha dening tekading ulah darmastuti….
becik ketitik olo ketoro…..
sopo kang mbibiti olo wahyune bakal sirno……
semua kekuatan dan kekuasaan didunia akan sirna dengan semua perilaku yg baik dan luhur….
perilaku yang baik maupun buruk pasti akan kelihatan….
siapa yang menabur benih kejelekan akan menuai hasilnya…..
shiiiiiippp…………………….!!!!!!
Aan
Maret 2nd, 2011 pada 15:40
Nyuwun ijin saya pakai peribahasanya njih Ki..maturnuwun
riri
September 29th, 2011 pada 14:53
mntur nwun ki,
luwuh komplit tinimbang saking kampuss
mugi tansah kepareng Rahayuning Gusti
indra
Oktober 18th, 2011 pada 14:03
nyuwun sewu ki dalem badhe tangklet arti lakuning wong urip kalian gegering manungsa nop nggih….suwun
smallest87
November 21st, 2011 pada 10:57
Nedi ijin damel kopi paste wonten blog kula ingkang takseh nembeh bikak. ^^
dwi
November 23rd, 2011 pada 12:16
Mohon bisa diterjemahkan ke dalam bahasa Indonesia Ki. Maturnuwun.
Manap
November 28th, 2011 pada 09:33
menawi ‘ tiyang diapusi nanging boten krasa ‘ paribasanipun napa…? matur nuwun.
Mint Omint
Februari 15th, 2012 pada 11:20
……
Tommy Yuliawan Budi
Februari 23rd, 2012 pada 23:46
Ki permisi numpang tanya nii..
saya orang jawa asli tapi tidak bisa bicara bahasa krama, jadi lebih sopannya saya menggunakan bahasa Indonesia saja ya Ki..
jadi gini Ki, sekarang saya sedang menjalani tugas akhir kuliah, kebetulan saya kuliah Jurusan Sendratasik (seni drama, tari, dan musik) tapi prodi saya Musik,, di UNESA (Uiversita Negeri Surabaya)
Naaah.. tugas akhir saya sekarang menciptakan sebuah karya musik, kebetulan konsep pagelaran karya saya ini bentuknya vokal grup acapella (male choir) dengan mengangkat tema yang intinya menceritakan tentang “Harta, Tahta, Wanita”..
yang ingin saya tanyakan Ki, apa benar pepatah tersebut berasal dari tanah Jawa..?? lalu jika benar siapakah penciptanya Ki..??
Jika Ki Sabda mengerti, mohon bantuannya ya Ki, terima kasih banyak..
kukuh prakoso
Maret 12th, 2012 pada 21:03
pangapuntene mas…..
sya mau tnya arti pribahasa dri ni mas……
awake kuru semangka baang aji godhong aking ambune arum jamban
sya mnta tlong bnget ya mas……
kukuh prakoso
Maret 12th, 2012 pada 21:17
barang aji godhong aking
artini pun npo geh mas
kukuh prakoso
Maret 12th, 2012 pada 21:20
mbten enten niku mas pun kulo amati….
kpripun geh mas
kukuh prakoso
Maret 12th, 2012 pada 21:21
mpun kulo buka niku mas pun kulo amati mboten enten kpripun
kukuh prakoso
Maret 12th, 2012 pada 21:31
mas klo tembung cabar pa ya mas
harry
Maret 27th, 2012 pada 20:15
mtr swun kangmas,,,kulo ngpy nggeh kagem tambah kaweruh,,,
Ngulat sumeh hanggroso wangi
cah edan
Juni 3rd, 2012 pada 13:11
nderek copas mas sabda matursuwun mugio tambah kaweruh
Muhammad Yahya
Juni 11th, 2012 pada 09:56
nasib dan peruntungan ditentukan oleh primbon,termasuk sampai urusan perjodohan…
kenapa koq bisa begitu ya ??? bukan ditentukan oleh Allah SWT ???
gebleg
Juni 11th, 2012 pada 14:20
goblok tenan, primbon itu ilmu titen merupakan akibat dari hasil perbuatan yang sama selama ribuan tahun berulang-ulang dengan hasil yang sama dan kemudian ditulis sebagai primbon
Bayu
Juli 11th, 2012 pada 13:02
bagaimana saya memahaminya.karebna saya tidak bisa bhasa jawa n apalagi menrti bahasanya?/ tlg bimbingannya.saya gegitu ingin sekali belajar.
dreampumpkin
September 11th, 2012 pada 22:00
Makasihh ya.. nge bantu banget buat tugas2 b.jawa yang gg ada di pepak
Achmad Anshori
November 6th, 2012 pada 21:38
Bagus dan lengkap gan artikel bebasannya, bisa menambah wawasan hidup dan pengalamanku. Ditunggu kunjungannya hehe
dina afifah putri
November 7th, 2012 pada 18:39
Yah, dapat nambah pengetahuan nih,baca terus pantang nutup……..
sultan
Desember 5th, 2012 pada 22:15
banyak sikile kuning
kroso penak njaluk maning
hehe..
Dominga
Februari 10th, 2013 pada 04:31
Hey! Someone in my Myspace group shared this website with us so I came to take a look.
I’m definitely loving the information. I’m book-marking and will be tweeting this to my followers!
Terrific blog and outstanding design.
1 Trackbacks / Pingbacks
PERIBAHASA-JAWA « SD MUHAMMADIYAH 2 SOLO April 6th, 2011 pada 09:53
[...] sumber : sabdalangit’s web [...]